Besi Tosan Aji


Duwung kang pinongko sipat kandel pusoko ing tanah jowo pranyoto Ageng sawabipun.
Lan poro Empu ing jaman semanten sampun saget niti pirso pundi tosan ingkang pas kagem andamel pusoko.
Lan Wonten ing mriki bade kawulo aturaken menggah titikanipun tosan-tosan adji ingkang kagem dinamel pusoko ing nuswantoro

                              Tosan adji karang kidjang
Titikanipun
1- menawi dipun tithing swuaranipun mbrengengeng,kados swuaranipun tawon, seratipun alus ngombak banyu.
2- menawi kangge dedamel ampuh.
3- angsar ipun asrep, prabowo nipun sabar. Milo tosan karang kidjang kaanggep Pandhitaning tosan.
4- menawi tosan wau mboten dipun sumerepi asring ndayani ingkang mboten mboten.

                           Tosan porosani
Titikanipun
1- menawi dipun tithing swuaranipun gur.
2- warninipun idjem kaduk nyamber liler.
3- otot seratipun alus... pramilo padatan kagem pamor.
4- angsar ipun ingkang ngangge lulus wilujeng. Kajen keringan. Dipun pitados ing sesami. Ngrejekeni.. gangsar kangge nggayuh palenggahan. Nulak sedoyo pekerti awon.

                           Tosan mengangkang djaler
Titikanipun
1- warninipun cemeng wungu.
2- seratipun kadhug kasar. Nanging menawi dipun grajag alus kados bludru.
3- menawi dipun tithing swuaranipun drung.
4- menawi kadamel pusoko angsar ipun sae sanget. Adamel girising mengsah.ampuhipun ngedap-edapi, Milo mboten kenging kagem sembranan.
5- ingkang ngangge dipun tresnani tiyang ugi dipun celaki rodjobrono. Nebihaken saking pakartining mengsah. Sarto dados panawaripun wiso.
6- pusoko ingkang kadamel saking tosan puniko menawi dipun tayuh ketingal sarpo nogo.

                                  Tosan mengangkang estri
Titikanipun
1- menawi dipun tithing swuaranipun mbrengengeng
2- warninipun wungu sulak biru.
3- seratipun pating trecep kados sarem.
4- menawi kagem pusoko ingkang gadah dipun tresnani atasanipun. Mboten patos ampuh Nanging sinten ingkang kataman mboten saget dipun jampeni.

                              Tosan walulin
Titikanipun
1- menawi dipun tithing swuaranipun gung geter
2- warninipun biru seratipun alus.
3- menawi kangge pusoko angsar ipun ingkang ngagem badanipun kraos Santoso. Menawi nenanem saget tulus Kajen keringan lan saget ngrampungi damel.
4- ampuh.. lan ingkang ketaman kados kenging gromo

                                  Tosan katub
Titikanipun
1- tithing ipun kung mbrengengeng
2- warninipun cemeng sulak idjem mawi cahyo bening.
3- seratipun alus kados rambut.
4- angsar ipun ingkang ngagem saget kasembadan menopo ingkang dipun pinginaken.
5- menawi kabekto ing wanci dalu peningalipun awas. Menawi kagem peperangan Nebihaken dedameling mengsah. Menawi kagem dagang ngerejekeni.


                                       Tosan kambodjo
Titikanipun
1- tithinganipun "ngong ngong" bareng kalian sworo "ting ngang ngang " panjang.
2- warninipun pethak mrusuh.ototipun kados gadung pating trecep.
3- pinangkanipun saking selon lan Kamboja.
4- mboten kenging dipun campur tosan porosani
5- menawi kagem pusoko... ingkang gadah mboten kenging laku awon ( main, madad,medon,maling, lan Sanese) menawi katrajang mesti ngalami kasangsaran.
6- watakipun ampuh lan sinuyutan ing sesami... mboten kenging nerjang syarak nyingkiri bebener.

                                    Tosan ambal
Titikanipun
1- menawi dipun tithing mbrengengeng geter kados kumandang ing angkoso.
2- warninipun pethak sulak abrit . Mboten saget karat
3- pinangkanipun saking ardi. Menawi kagem pusoko ampuh.
4- angsar ipun saget pados konco dedamel ingkang sae... Milo tosan ambal dipun wastani guruning tosan.

                                          Tosan Windu adji
Titikanipun
1- menawi dipun tithing swuaranipun dhung.
2- warninipun pethak kaduk biru cahyo nipun wening.
3- angsaripun sinten ingkang ngangge saget teguh sarto kiyat menawi kagem magud ing prayudan saget suminggah saking pamruwosoning mengsah.

                                          Tosan tumpang
Titikanipun
1- swuaranipun tithinganipun djung landung.
2- warninipun biru semu wungu indah sanget.
3- angsaripun menawi Wonten paridamel... dipun unus ingkang sumerep lajeng kemitenggeng lan ical bebhayu lan kekiyatan nipun.

                                     Tosan werani
Titikanipun
1- swuaranipun mbrengengeng.
2- warninipun kados sekar teleng
3- menawi kagem pusoko ampuh. Saget mbosoaken daging lan kulitipun ingkang ketaman.
4- watakipun ingkang gadah mboten kenging sawiyah-wiyah dateng sesami. Lan pusoko mboten kenging kedekek ing suku.
5- pusoko ingkang dinamel saking tosan werani awis2 ingkang kiyat.
Menawi kiyat andadosaken tambahing karahardjan lan dados priyagung. Ananging Yen mboten kiyat malah damel sengsoro lan gesangipun mboten tentrem.

                                      Tosan welangi
Titikanipun
1- mbrengengeng swuaranipun
2- warninipun djene semu idjem. Asal ipun saking samudro.
3- menawi kagem pusoko... ingkang gadah mboten kenging dados rentenir. Lan gampil anggenipun pados pengupojiwo.

                                          Tosan terate
Titikanipun
1- mbrengengeng swuaranipun
2- warninipun cemeng nglumut.
3- menawi kagem pusoko angsaripun dipun tresnani wanito lan Nebihaken sedoyo pakarti awon.

                                       Tosan malelo ruyun
Titikanipun
1- swuaranipun preng gumeter
2- Asal ipun saking selo cendani. Warninipun pethak semu biru.
3- seratipun alus kados rambut.
4- menawi kangge pusoko angsaripun ndadeake kendeling manah.

                                      Tosan malelo gendogo
Titikanipun
1- swuaranipun thung
2- menawi kagem pusoko ingkang gadah dipun tresnani atasan lan dipun suyuti ing sesami.

                                        Tosan kenur
Titikanipun
1- swuaranipun prung kados sungsun
2- warninipun cemeng kados wulu Gagak. Dipun tingali dangu2 nuwuhaken raos ajrih.
3- menawi dipun cuci ngagem toyo jeram pecel ketingal biru warninipun.
4- tosan kenur watakipun mboten kenging kebenteran. Sebab lajeng empuk lemes... anggenipun mulihaken kedah dipun usah erah.
5- menawi kagem pusoko ingkang gadah dipun tresnani ing sesami lan saget pikantuk rejeki sarto nipun sae kagem tetanen lan dagang.

                                        Tosan tumbuk
Titikanipun
1- swuaranipun gong mbrengengeng
2- warninipun pethak semu jene, seratipun pating trecep kados selo padas.
3- menawi kagem pusoko angsaripun saget nyimpen dunyo brono. Mboten saget dipun damel awon ing tiyang sanes.
5- menawi dipun unus naliko Wonten paridamel ingkang sumerep sami giris.
6- sedoyo siti sangar Utawi panggenan angker saget tambar. Saget Nebihaken sedoyo dedemit lan mengsah... penyawanganipun mengsah kados Murub.

                                       Tosan balitung
Titikanipun
1- swuaranipun mung landung.
2- warninipun cemeng sulak wungu.
3- menawi kagem pusoko angsaripun menawi kagem pados ulam saget pikantuk Katah. Milo ingkang jodo kagem poro nelayan lan kadang tani.

Poro Empu jaman rumiyin anggenipun nggarap pusoko puniko kanti lelampahan ingkang awrat.
Awit Sak Dereng ipun nggarap kedah topo broto rumiyin. Milo pusoko kejawi gumantung panyarupipun tosan ugi gumantung ingkang damel. Menawi Empu wau gentur ing topo broto panggarapipun cekap ngangge tangan. Tosan mboten kraos atos.
Milo pusoko Yen ingkang damel puniko Empu kang pinilih mboten kenging kagem sembarangan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar